Tuesday, 31 December 2013
4 Golongan Manungso Miturut Imam al-Ghazali
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
Poro sedulure mbah ingkang minulyo :
Enten 4 golongan manungso miturut penggolo_nganipun Iman Ghozali , Sinten mawon golongan sekawan niku wau.......?
Ingkang nomer .setunggal golongan manungso seng bejo urip ten alam dunyo lan bejo ten akhirat , sopo rupane,,,,,?
Injih meniko tiang sugeh ingkang sregep ibadah , shodakoh nyah_nyoh
. Ingkang nomer Kalih : Tiang ingkang bejo ten dunyo Ning ciloko ten akhirat , sopo rupane...? Injih meniko tiang sugeh ingkang demen maksiat , boten purun ibadah ,termasuk njih tiang sugeh ingkang dados rentenir , tukang korupsi (maling) , durhoko maring wong tuwo ...niku golongan ingkang bejo dunyo ning coloko ten akhirat
. Ingkang nomer Tigo : Tiang ingkang ciloko dunyo BEJO akhirat ,sopo rupane...? Injih meniko tiang miskin ingkang SREGEP IBADAH , senajan uripe rekoso ning tetep purun ibadah kelawan sabar , benjang ten akhirat dados tiang ingkang bejo , mlebet suargone disek dhewe
- Ngamal niku ganjarane Enten ingkang dilipat taken 10 , enten ingkang dipun lipataken 700 , lan enten ugi dipun lipataken berlipat-lipat boten saget dipun itung
. Ngamal ingkang di lipataken 10 niki jenis ngamal rogo, kados :maos qur'an tetulung /bantu-bantu tiang
. Lajeng enten ngamal ingkang di lipattaken 700, njih meniko ngamal nganggo bondo ,ternasuk shodakoh , infaq , slametan
. Enten amal ingkang ganjarane berlipat-lipat boten saget dipun itung , njih meniko ngamal nganggo ati, contone : sabar , iklas , tawakal
Mulane tiang miskin ingkang sabar senajan ten dunyane soro ning bakale bejo ten akhirate
. Nah ingkang paling rekoso niki golonganipun manungso ingkang nomer sekawan , injih meniko ciloko ten dunyo lan ciloko ten akhirat ,sopo rupane...? wes nang dunyo mlarat senengane maksiat boten purun sholat (niku arane mlarat lengkap) , wes nang dunyo susah boten purun ibadah ning akhirat di paido kalih gusti Allah
- Nah kinten-kinten panjenengan niki tumut potongan golongan ingkang pundi....?
NB; Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo termasuk mlebet golonganipun manungso ingkang nomer setunggal ,njih meniko BEJO TEN DUNYO LAN BEJO TEN AKHIRAT......ALLAHUMA AMIIIIIIIIIIN...
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

No comments:
Post a Comment